Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Teks Informasi

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Teks Informasi

Berikut ini adalah latihan Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Teks Informasi lengkap dengan kunci jawaban. Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Teks Informasi ini terdiri dari 20 soal pilihan ganda, 10 soal isian, dan 5 soal uraian. Seluruh Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Teks Informasi bersumber dari Kurikulum 2013. Semoga Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Teks Informasi ini dapat dijadikan referensi untuk belajar khususnya siswa kelas 6 yang menggunakan Kurikulum 2013. Berikut Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Teks Informasi


I. Wenehana tanda ping (x) aksara a, b, c utawa d ing sangarepe wangsulan kang kok anggep paling bener!
1. Teks informasi kang ngandharake fakta diarani ....
a. teks pawarta
b. eks persuasi
c. sesanti
d. pariwara

2. Teks karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca diarani teks ....
a. persuasi
b. pariwara
c. pawarta
d. slogan

3.  "Ayo tandang, njaga lestarine alam".
Kalebu teks ....
a. persuasi
b. pariwara
c. pawarta
d. iklan

4. Teks kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku, lan digunakake, diarani ....
a. teks pariwara
b. teks pawarta
c. teks persuasi
d. teks slogan

5. Teks pawarta anggone nyusun adhedhasar ....
a. apa, sapa, kapan, nyapa, neng endi, lan kepriye
b. pa lan sapa
c. sebab akibat
d. basa asing

6.  "Mangsa ketiga dawa, mulane petani cengkeh ing Ponorogo bisa gagal kabeh. Petani kudu siap nanggung rugi jutaan rupiah." Ukara mau kalebu teks ....
a. pawarta
b. persuasi
c. dheskripsi
d. sesanti

7. "Lingkungan sing resik uga bisa urip sehat. Urip sehat pikiran uga sehat. Supaya lingkungan kita lestari, ayo kabeh warga kudu tansah sadar njaga kelestarian alam. Aja nebangi alas sembarangan. Amarga bisa njalari rusake lingkungan." Teks kasebut kalebu jenis teks ....
a. persuasi
b. pawarta
c. pariwara
d. sesanti

8. Wacanen kanthi patitis!
Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.
Miturut wacan ing ndhuwur, kalebu jenise teks ....
a. pawarta
b. deskripsi
c. persuasi
d. pariwara

9. Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged ( tercemar ). Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.

Yen ditilik saka isine, paragraf ndhuwur iku kalebu jenise teks ....
a. pawarta
b. deskripsi
c. persuasi
d. iklan/pariwara

10. Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku ....
a. ukarane ngajak-ajak
b. ukarane mamerake
c. ukarane nyenengake
d. ukarane ngujuk-ujuki

11. Ing ngisor iki sing dudu kalebu teks informasi yaiku ....
a. teks pawarta
b. teks persuasi
c. sesanti/slogan
d. komik

12. "Sapa nandur bakal ngunduh"
Teks iku kalebu jenise ....
a. teks pawarta
b. teks persuasi
c. sesanti/slogan
d. pariwara/iklan

13. Ing ngisor iki titikane sesanti/slogan yaiku .... 
a. ukarane ngajak-ajak
b. ukarane mamerake
c. ukarane nyenengake
d. ukarane ngujuk-ujuki

14. Sesanti/slogan wujude...
a. paragrap
b. ukara
c. tembung
d. wanda (suku kata)

15. Sabun deterjen rakyat, ramah lingkungan. 
Teks iku kalebu jenise ....
a. teks pawarta
b. teks persuasi
c. sesanti/slogan
d. pariwara/iklan

16. Ing ngisor iki titikane teks pawarta, kajaba ...
a. isine ngajak
b. ngandharake fakta
c. kamomot ana ing medhia cetak
d. isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat

17. Banyu resik sumber panguripan, openana!
Teks iku kalebu jenise ....
a. teks pawarta
b. teks persuasi
c. sesanti/ slogan
d. pariwara/ iklan

18. Ukara ing ngisor iki tuladha teks pawarta wujud andharan ngenani wektune kedadeane yaiku ....
a. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya.
b. Rusake alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene manungsa.
c. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe sadonya.
d. Prahara banjir bandhang mau kelakon ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 pukul 22.00 WIB

19. Negor sauwit, nandur satus bibit!
Teks iku kalebu jenise ....
a. teks pawarta
b. teks persuasi
c. sesanti/slogan
d. pariwara/iklan

20. Teks informasi sing wujude paragrap-paragrap kalebu .... 
a. pawarta lan persuasi
b. slogan
c. sesanti
d. pariwara

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Apa wae titikane teks pawarta?
2. Apa bedane teks pariwara karo teks sesanti?
3. Kepriye tuladhane teks pariwara?
4. Kepriye tuladhane teks sesanti?
5. Kepriye tuladhane teks pawarta saparagrap?

Posting Komentar untuk "Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Teks Informasi"