Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Cangkriman

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Cangkriman

Berikut ini adalah latihan Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Cangkriman lengkap dengan kunci jawaban. Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Cangkriman ini terdiri dari 20 soal pilihan ganda, 10 soal isian, dan 5 soal uraian. Seluruh Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Cangkriman bersumber dari Kurikulum 2013. Semoga Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Cangkriman ini dapat dijadikan referensi untuk belajar khususnya siswa kelas 6 yang menggunakan Kurikulum 2013. Berikut Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Cangkriman. 


I. Wenehana tanda ping (x) aksara a, b, c utawa d ing sangarepe wangsulan kang kok anggep paling bener!
1. Cangkriman yaiku ....
a. unen-unen sing kudu di bedhek utawa dibatang
b. unen-unen sing gambarake percakapan
c. unen-unen sing due aturan maksud lan tujuane kanggo sing maca
d. unen-unen sing penak digawe tetembangan

2. Ing ngisor iki sing klebu wujude cangkriman yaiku ....
a. cangkriman sing wujude wancahan (cekakan), cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban)
b. cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban), cangkriman sing wujude geguritan
c. cangkriman sing wujude plesetan, cangkriman sing sinawung ing parikan
d. cangkriman sing sinawung ing tembang, lan cangkriman sing awujud geguritan

3. Jenise utawa wujude cangkriman kuwi ana ... macem.
a. siji
b. telu
c. papat
d. enem

4. Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake, batangane uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake.

Ing ndhuwur kuwi tuladhane cangkriman kang awujud ....
a. pepindan
b. irib-iriban
c. sinawung ing tembang
d. wancahan/cekakan

4. Ing ngisor iki sing kalebu Cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban) yaiku ....
a. tulus kerda , tuwok rawan ,wit thoyung
b. bosok malah enak
c. wong adol krambil dikepruki.
d. bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

5. Ing ngisor iki sing klebu Cangkriman sing wujude plesetan yaiku ....
a. dikethok malah dhuwur
b. sego sakepel dirubung tinggi
c. burnas kopen
d. ana gajah numpak becak, ketok apane?

6. Cangkriman ing ngisor iki kalebu blenderan yaiku ....
a. wiwa wite, les mbodonge, karwo pake
b. cebloke ing ngisor sing digoleki ing ndhuwur
c. dideleng gampang dicekel angel
d. ana gajah numpak becak, ketok apane?

7. Bapak pucung, rodha papat bisa mbengung, 
Wujud kothak dawa, 
Nguntal barang sakabehing, 
Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha. 

Batangane cangkriman ing nduwur yaiku ....
a. pesawat
b. montor
c. andha
d. trek

8. Lawa lima kalong telu, pira? = ....
a. loro
b. siji
c. wolu
d. telu

9. Ceblok ing ngisor digoleki ing dhuwur = ....
a. andha
b. sumur
c. geni
d. genteng bocor

10. Mboke diidhak idhak anake dielus-elus = ....
a. sulak
b. nanas
c. salak
d. andha

11. Batangane "geni", cangkriman sing cocok yaiku .... 
a. bocah cilik nggendong omah
b. rasane padha karo jenenge
c. sega sakepel dirubung tinggi
d. yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh

12. Cangkriman "rasane padha karo jenenge", batangane .... 
a. salak
b. nanas
c. asem
d. kates

14. Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,
tangan papanira,
nuduhake rina wengi,
lamun mati bingung wektu sang bendara, 

Batangane cangkriman ing nduwur yaiku ....
a. sepur
b. gajah
c. kalung
d. jam tangan

15. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula, 
Pencokanmu wesi miring,
Yen lumaku si Pocung mung turut kutha

Batangane cangkriman ing nduwur yaiku ....
a. gajah
b. lawa
c. sepur
d. kapal mabur

16. Pitik walik saba meja, batangane ....
a. nanas
b. nangka
c. salak
d. sulak

17. Dikethok tambah dhuwur, batangane yaiku ....
a. clana
b. lawang
c. sulak
d. nanas

18. Urang sapikul, matane ana pira .... 
a. 2
b. 4
c. 6
d. akeh

19. Sega sakepel dirubung tinggi, bedhekane ....
a. nanas
b. salak
c. sulak
d. jeruk

20. Duwe rambut ora duwe endhas, badhekane ....
a. anda
b. timbangan
c. nanas
d. jagung

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Bedheken cangkriman sing wujude wancahan (cekakan) ing ngisor iki! 
a. Rangsinyu, muksitu 
b. Segara beldhes

2. Bedheken cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban) ing ngisor iki!
a. Dilebokne malah metu
b. Bocor malah kebak

3. Bedheken cangkriman sing wujude plesetan ing ngisor iki! 
a. Ana tulisan arab, macane saka 
ngendi?
b. Lawa lima kalong telu dadi pira?

4. Bedheken cangkriman sing sinawung ing tembang ana ngisor iki! 
Bapak pucung amung sirah lawan gembung,
Padha kinunjara,
Mati sajroning ngaurip,
Mijil baka si pucung dadi dahana.

5. Gawea cangkriman sing awujud tembang!

Posting Komentar untuk "Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Cangkriman"